Minggu, 14 Oktober 2012

contoh layang katresnan untuk mos/ospek

ini nih, surat cintaku buat senior waktu lagi ospek mahasiswa baru., cekidot.. Ngandhap Langit Nginggil Bhumi, 15 September 2012 Kagem Kangmas Dhimas Arif Dewantara ingkang kula urmati. Mugi tansah kinayungan bagas waras saking Gusti ingkang tansah paring welas asih. Nalika wayah ndalu, mripat menika mboten saget tilem. Pikiran cunthel, ati mangkel, awak pegel. Tansah kelingan slirane Jenengan. Hawit sumerep ingkang sepisanan, ngantos sumerep saben Dinten Rebo nalika kuliah Psikologi. Sajak kepingin kenal raket, ananging raos ajrih, pakewuh, lan samar ngganjeli lan ngalangi pepingin kula. Akhire namung saget nyawang saking tebih, mboten wantun kandha menapa-menapa. Bingung raose ati kula, badhe sambat ananging kalih sinten? Tak lalekke, ananging malah tambah kelingan. menapa kados mekaten niki raose tiyang kang saweg ketaman asmara? Kangmas Dhimas ingkang kula tresnani, kanthi serat penika, kula namung kepingin mangertosi menawi Kangmas sudi purun kenal kaliyan kula. sukura menawi kersa dados rencang raket kula. Kados cekap semanten serat saking kula. menawi serat menika namung andadosaken cupeting penggalih, kula suwun agunging pangaksami. kangmas mboten perlu meggalih nemen-nemen, kula mboten badhe ngganggu katentreman urip jenengan. nuwun. kang saweg mendhem rasa, ami

1 komentar: